Senin, 22 Desember 2008

Wayang Beber2

Seni gambar wayang beber mujudake upaya kanggo ngleluri seni tradhisi wayang beber. Emane, seni gambar wayang beber sing kasil narik kawigatene wong manca kang wus ngakoni minangka karya seni sing pinunjul, malah kakiwakake ing madyaning bebrayan Jawa, kalebu ing jagad seni tradhisi Jawa.

Bab iki pacen jumbuh kalawan kanyatan manawa bebrayan Jawa, kalebu jagad seni tradhisine, rata-rata pancen ora nganggep lan ngiwakake maneka warna karya seni gambar sing ngandhut tapsiran lokal utawa local genius.
Pawadan kanyatan mangkono iku, miturut I Gusti Nengah Nurata, dosen ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo lan pangarsa Nurata Fine Arts Studio ing Karanganyar, para pehak kang gegayutan kalawan kapentingan pamulangan seni budaya lan pariwisata kudu urun kridha kanggo ngleluri lan ndayakake seni gambar wayang beber lan wayang beber dhewe.

Nalika hamicara ing Seminar Nasional Peran Budaya Jawa dalam Pembelajaran Bahasa, Sastra dan Seni Budaya, dina Slasa (29/7), ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, Nurata ngandharake yektine wus wiwit 20-an taun kapungkur ana upaya ndayakake lan ngrembakake wayang beber tumuju seni gambar wayang beber ing madyaning jagad seni gambar utawa seni rupa ing Indonesia.

Miturut sujarah, wayang beber iku tuwuh ing antarane abad XIII lan XIV. Nalika semana sawijining raja ing Majapahit paring pangaji-aji arupa wayang beber marang Naladrema. Pangaji-aji iku amarga Naladrema kasil nambani lelarane putrine sang raja. Wayang beber sing diparingake marang Naladrema cacah nenem lembar, saben lembar isine patang pejagongan.

Wayang beber ngandhut crita bab Krajan Kediri, yaiku rasa sedhihe Prabu Brawijaya sing ditinggal lunga putrane putru, Dewi Sekartaji. Nanging wusana wayang beber uga mbabar lakon Mahabarata lan Ramayana. Wayang beber sing ngandhut crita panji Jaka Kembang Kuning saiki kondhang sinebut Wayang Beber Pacitan.
Ing Wonosari uga ana cakrik wayang beber sing ngandhut crita panji Remeng Mangunjaya, lan sabanjure kondhang sinebut Wayang Beber Wonosari. Ing wayang beber Pacitan lan Wonosari ora tinulis sapa sing gawe.
Ndalem taun 1986, miturut Nurata, ing Akademi Seni Karawitan Indonesia (ASKI) Solo sing saiki dadi ISI Solo, ana upaya ngleluri, ngrembakake lan ndayakake wayang beber.

Rong taun sabanjure, ASKI Solo malih dadi Sekolah Tinggi Seni Indonesia (STSI) Solo. Nalika iku Nurata antuk jejibahan ngampu kuliyah lukis kaca, pasunggingan lan sungging wayang beber. Wusana ana upaya ngracik kuliyah sing underane nggunakake wayang beber minangka landhesan riptane. Asile arupa cakrik gambar sing ngripatane utawa gawene lelandhesan wayang beber, hamula banjur katelah seni gambar wayang beber.

Lan malah nalika iku seni gambar wayang beber wus dikenal ing nagara Amerika Serikat, Australia, New Zealand, Yunani, Cheko, Polandia, Austria, Singapura, Jepang lan sawetara nagara liyane. Emane para juru gambare saiki wus ora kasumurupan ana ngendi papan dununge. Lan luwih eman maneh, saiki ing ISI Solo wus ora ana mata kuliah sing mligi ngupaya lestarine wayang beber sarana seni gambar wayang beber. Wusana, kuliyah sing lumaku luwih asipat nyencang kekarepane mahasiswa ing bab sanggit, inovasi lan progresi seni gambar wayang beber.

Tidak ada komentar: